Mulaanak-turuné Radèn Dhestharata uga banjur kinaran Kurawa kang asalé saka linggane tembung "Kuru" lan "Hawa" kang tegesé tedhak turuné/dharah Kuru. Semana uga "Pandhawa", iku asal saka linggané tembung "Pandhu" lan Hawa", kang tegesé tedhak turune Pandhu. Ing padhalangan, wutané Radèn Dhestharata iku ana pirang -pirang versi. Ing padhalangan wutané Radèn Dhestharata iku ana pirang pirang versi. Aja gampang percaya marang barang sing katone becik nanging jebul amung ana kulit wae ora nganti tekan njerone. Pocung1esuk Iku Para Siswa Padha Ngumpul Aneng Ngarep Kelas Dhawuh Guru Kang Den Anti Guru Dhawuh Brainly Co Id Jawaban Pendahuluan Bahasa Jawa iku katah iku tegese. Adam Mukadis tegese. Ora ndalan tegese ora ngerti tata krama artinya tidak tahu sopan santun. Budi Sanubari iya ati sanubari tegese wahananing budi. Tyan Iku Aneng is on Facebook. Aneng yaiku saka tembung Ana Ing. Makanya di dunia pendidikan terutama di jawa tengah yogyakarta dan jawa timur bahasa jawa masih diajarkan untuk muatan lokal. Serat Wédhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab kawruh manunggaling kawula gusti. Kala Sumbaga terkenal Dibagi. Tegese ana manggon ing. Contoh Tembuh Saroja Lan Tegese atau artinya Lengkap. Tegese Wayang Wayang dumadi saking tembung wod yang hyang angsal ater- ater wa-. Namun ada perubahan atau penambahan huruf W. Oleh ati tegese tampa katresman artinya menerima cinta bisa juga disayangi. Ora merem tegese mangerti artinya pengertian. Tembung suka bagya iku tegese. Jawaban yang benar untuk pertanyaan itu. Kang kaping nem Akal tegese budi iku sajatine iya amung sawiji ananging dinamani dadi limang pasebutan manawa kaetung dalah kang arangkep nama dadi pitung pasebutan pada anartani marang ngibarat namaning ati kadadiyane anunggal pasebutan. Tembung nuju ari tegese nujuwari ing dinten. Candraning kaananing alam iku akèh bangêt kaya ta. Saben jinising bahasa jawa iku miduweni kagunaan ingkang benten. Ana ingkang digunakake marang sakpadha ana. Apa tegese Tembung Nyawiji Aneng SenadyanSenajan Padha lan Nagari. Tembung Entar Huruf P. Untuk lebih lengkapnya silakan cermati artikel di bawah ini. Contoh Kalimat Tembung Garba Berikut beberapa contoh kalimat tembung garba. Tegesipun roh ingkang roh saged damel beja cilakanipun manungsa. Tegese yaiku ana ada ing di manggon. 3 Buka kunci jawaban. Aneng sadhengan panggonan puniki Iku ngrusak lingkunganku Sarta endahing taman Kembang mati ora thukul sarta layu Arep urip ora bisa Ndadekake ati sedhih Tuladha kasebut ing dhuwur iku mujudakepadane tembang. Ana ing dadi aneng tegese ana manggon ing arane iki dadi aranireki tegese jenenge iki dadi ewuh dadi dadyewuh tegese ora gampang sarwa ewuh dhemen anyar dadi dhemenyar tegese senenge yen isih anyar dupi arsa dadi dupyarsa tegese nalika arep jalu estri dadi jalwestri tegese lanang wadon kajuwara ing dadi kajwareng tegese kondhang ing kapireng arsa dadi. Nujuwari artinya pada hari. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya KGPAA Mangkunagara IV kang lair kanthi asma Radèn Mas Sudira ing dina Senin Paing tanggal 8 Sapar taun Jimakir windu Sancaya taun Jawa 1738 utawa taun Masehi 3 Maret 1811. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Candraning alam ing wayah esuk ing wayah sore ing wayah bêngi ing gunung ing sagara ing padesan lan liya-liyane kêroncèn yèn. Join Facebook to connect with Tyan Iku Aneng and others you may know. January 9 2017 by Harry Lot Leave a comment. Aneng saka tembung Ana ing tegese ana ing. Tentrem iku saranane urip aneng donya Main Menu. Kisi iku piranti kanggo ngikal bênang dawane watara 2 dm gêdhene watara sajênthik panganggone ditancêbake ing jantra kalêbu praboting tênun. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé. Iku Roh Nekslin tegese Urip ing dalem duweke iku ana akekate. Read Article Kreatif Pekerjaan Karir Pendidikan. Contoh tembung garba lan kalimate yaiku. Jawaban yang benar untuk pertanyaan itu. Siti inggil tegese sitinggil papan ingkang langkung inggil saking sanesipunpapan kinurmatan Tembung Garba Sustrawan Tembung ini adalah jenis tembung yang berasal dari perpaduan dua kata menjadi satu. Kadospundi kawula dèrèng anggayuh timbalan tuwan kang yêkti maksih pasêmon puniku ngandika Susunan Susuna 125 n Giri têgêse nyai iku wong 11. Kang wus têka ing Islam ingkang satuhu karana. Sawuse aneng kono ta yayi malekat utusan ingkang prapta amundhut nyawa karsane Ngijrail ta puniku maring langit paranireki langit pipitu ika dadalane iku ingkono amanggih rupa cahyanira lir pendah purnama siddhi surat ananing Suksma. Mengenal Lebih Dekat Tentang Nusantarakala. Ora duwe ati tegese kuwatir banget artinya kawatir sekali atau takut. January 22 2017 by Harry Lot Leave a comment. Yuk jaga Ginjal Kita sebelum menyesal. Wonten Bahasa Jawa Ngoko Lugu Bahasa Jawa Ngoko Alus Bahasa Jawa Krama Lugu lan Bahasa Jawa Krama Alus. Taksyalit yaiku saka tembung Taksih Alit. Adam bangsa Rohman yaiku hakekate Sentaras karana pangandikane Allah Ta Allah wahanane. Sering kali siswa ditugasi. Banyu Kayat Mohammad Abu Roh. Iku kawruh wus sampurna lan wus kosus yonora mangkono nyai luput tur sasar wong iku kang garwa umatur aris dhuh sinuhun guron ingong 10. Tembung garba atau tembung sinandhi yaitu dua kata atau lebih yang digabung menjadi satu dengan cara mengurangi jumlah suku katanya. Tidak banyak dari generasi sekarang yang masih melestarikan keilmuan bahasa jawa walau secara prakteknya sudah biasa digunakan. Soal ulangan ini dibuat dengan niatan baik yakni membantu bapa ibu guru dalam pembuatan soal-soal sebagai bahan evaluasi pembelajaran. Latihan Soal Online Semua Soal. 351 Mangsa Kala Wibawa berwibawaberpengaruh 352 Mangsa Kala Saeka bersatu 353 Mangsa Kala Sentosa sentosa 36. Ora katon dhadhane tegese ora wani adu arep artinya tidak berani diadu. Tembung Garba utawa tembung sinandhi yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji sarana nyuda cacahing wandaneterjemahan. September 10 2020. Semana uga Pandhawa iku asal saka linggané tembung Pandhu lan Hawa kang tegese tedhak turune Pandhu. Facebook gives people the power to share. Ibuk blonjo aneng pasar. Tegese ora gampang sarwa ewuh. Iku boreh paminipun tan rumasuk ing jasad Amung aneng sajabaning daging kulup Yen kapengkok pancabaya ubayane mbalenjani. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Ide menampilkan topik ini karena banyak orang-orang disekitar. Budi Maknawi iya ati manakwi tegese wahyaning budi. Versi kang sepisan ngandhakaké yèn cacadé Radèn Kuru amarga ibuné Dewi Ambika nalika saresmi karo Prabu Kresna Dwipayana tansah ngeremake netrané saking. Mohammadiyah iku kang karem bangsa Dat. Temukan sejumlah artikel penting tentang tak sengguh kala bathara wus lebur tembung bathara iku tegese berikut ini dan pilih yang terbaik untuk Anda. BERPIKIR KREATIF suatu KEHARUSAN. Mohammad kang satemene iku kang karem bangsa Sipat iku hakekate Jisim. Tegese yaiku taksi masih alit kecil. Tegese senenge yen isih anyar. Lumebeng yaiku saka tembung. Garwanipun atatanya aris kadi pundi kang langit punika sal sahil ika jatine Purwa-duksina muwus. Tembung Garba Tembung Sandi Kumpulan Materi Matematika Sd Smp Sma Dan Smk Oleh Mas Kumitir 1 Tembung Garba Dalam Bahasa Jawa Dan Contohnya Seni Budayaku
JenengYudhistira, ing carita Jawa, asline dianggo déning raja jim ing alas Mertani utawa Wanamarta.Ing lakon Babad Alas Wanamarta, Para Pandhawa kasil ngalahake para jim ing alas iku. Prabu Jim Yudhistira manjing ana ing ragane Raden Puntadewa, pembarepe Pandhawa.Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo déning Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Ngamarta, Indraprasta, iya

Oleh Dr. Purwadi, Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347 Jajar-jinajar desa-desa ing sakukubab nganggo jeneng tembang Mojo. Miturut carita kuna makuna desa-desa mau pancen sing paring tetenger para priyagung Kraton Majapahit. Nalika Prabu Jayanegara makuwon ing tlatah Bedhandher Bojonegoro, nglegakake ameng-ameng ing wilayah sakidule gunung Kendheng. Supaya bisa kanggo tinggalan putra wayah, semarga-marga banjur paring nama laladan kang den ambah. Ana sawijining desa sing diparingi tenger Mojo rembun, Mojogrogol, Mojoalas, Mojokare, Mojongadi, Mojobolu, Mojoroto, Mojoulingo, Mojoreco, Mojokedheg, Mojourip, Mojorejo, Mojosuko, Mojokampu. Meh kabeh sakecamatan Rejon kabupaten Nganjuk, papan kono antuk gelar Mojo. Mesthi wae kanggo wong-wong saiki, peparing saka miyagung Majapahit mau maweh bebungah kang tanpa pepindhan gedhene. Arang-arang dhaerah sing pikantuh kamulyan arupa jeneng mau, mula saben warga rumangsa gedhe atine, kebombong amarga wilayahe mlebu perangane sejarah. Apa maneh yen sing maringi mau Narendra Majapahit kang sayekti kalaka misuwun. Wong-wong padesan mau mesthi banjur mongkok. Rumangsa oleh kanugrahan. Malah ana kang nyebut kewahyon. Raja agung kang lumaksana tarlamtanggawa berkah kang utama. Wong-wong percaya yen ratu iku wakiking Hyang Sukma kang mangejawantah ing marcapande. Desa sing dilewati tindake ratu mesthi mbanyu mili rejekine, mencorong prebawane. Salah sawijining pengawal Prabu Jayanegara sing aran Raden Pringga Ori aweh gladhen marang warga padhusunan. Gladhene arupa dhawuh supaya desa lan wilayah aman saka durjana juti, carane saben desa sisih pinggire ditanduri wit pring. Panjenengane ngajari wong padesan kanthi tlaten suka rena. Amarga sing dhawuh iku manggala yudha peng-pengan, kabeh padha mangestukake. Cilik gedhe anom tua saiyeg saeka praya nandangi karya. Ora antarane suwe, saben desa wis tinanduran pring. Saka kadohan katon ngrembuyung ijo royo-royo, Carang-carang sing mawa eri ditata kanthi becik. Papane sawetara rada dhuwur, bung-bunge tuwuh mrucuk kaya jamur barat. Sayekti pring-pring mau dadi beteng sing njaga marang karaharjane desa. Tentrem ayem tanpa ana sing was sumelang. Pring ori thukul jajar-jajar ngubengi desa. Ing tata gelar barisan pring ori mau prasasat beteng kang bakuh. Carang-carang ditata kanthi becik. Saperangan ditancepke kaya pager. Nambahi santosane beteng dhesa. Kanggone wong jaban rangkah sing tumindak piala mesthi bisa dicegah. Amarga eri-eri sing tumempel ing papringan bakal ngalang-alangi. Ing satengahe grumbul papringan, akeh kewan sabangsane bajing, gurangan, luak lan rase. Bajing seneng mangan klapa. Tanduran klapa ora kober uwoh yen bajing-bajing mau isih sliweran. Untune bajing sing rangah lan landhep kuwat ngrikiti sepet. Ulete sepet pedhot dening siunge bajing. Bathok sing atos uga bisa bolong. Sithik baka sethithik krambil sangsaya entek. Wekasan mung kari sepet lan bathok. Kehing bajing sing ngebyong tanduran klapa, temtu gawe rugi. Kena diarani ama tenan. Pendhak kala mangsa, bocah nom-noman sing kendel tur bagas diajak bebarengan nggropyok bajing. Ana sing nggawa gantar, kanggo nyengget bajing gumandhul. Ana kang tali tampar saperlu kanggo ngencang pang papan panggonane bajing. Diratik lan dioyak-oyak nganti bajing mau gelem pindhah. Playune bajing dioyak nganti kecekel. Ana sing nggawa plinthengan, mimise krikil utawa pringkilan bata. Yen pas kena awake bajing, saknalika klenger utawa mati. Banjur ceblok. Sing seneng daging bajing iku akeh. Malah percaya yen daging bajing kena kanggo tamba gatel. Lara jantung jarene bisa mari sarana mangan lawuh sate bajing. Ujare sing karem mangan daging bajing, daginge pancen enak. Mula ya ora mokal yen ana wong sing dodol daging bajing, Nyatane laris. Saiki kang bakal dirembug yaiku garangan, luwak lan rase. Katelu seneng mangsa daging pitik. Sangger ana pitik kumlintes, kanthi nekad garangan bakal nyaut. Tumuli dikremus ditadah kala mangsa. Luwak uga mengko. Mung dedeg piyadege luwih gedhe. Sangsaya trengginas golek mangsa. Dene rase iku gedhe dhewe ragane, meh-meh gedhene padha karo kirik, galak lan mbebayani. Ing babongan utawa grumbul papringan garangn, luwak lan rase kerjo nggawe rong, katelune ngerong kanggo papan padunungan. Nadyan kewan galak, kewan mau duwe ganda arum, saka kadohan wis katitik wangi, mula luwih gampang gropyokane. Gunane pring ora iku sayekti akeh. Carang, bung lan pring kanggo maneka waarna. Carang racake dienggo pager. Carane nggawe gampang. Cukup di incepake ing leweh, jejer-jejer wis dadi pager. Tanduran sabangsane kacang lembayung perlu lanjaran. Umume lanjaran iku digawe saka carang. Tumrape ibu-ibu kang masak ing pawon, ana sing kayu bakare dijupuksaka carang. Genine gemrubuk mangalat-alat. Dene bung iku kena kanggo sayur jangan bobor. Dikela karo lembayung lan capar, rasane enak tenan. Utawa kanggo kulupan bumbu pecel. Dipangan karo krupuk upil, rasane kumriyak renyah. Mbok-mbok bakul opak pecel, kerep dodolan kuluban bumbung sing dicampur karo krupuk upil. Bumbune sambel pecel. Bumg sing ora kepunggel terus dawa dadi pring. Genep rong taun dawane pring kira-kira bisa tekan 10 meter. Dadi dhuwur banget, saking dhuwure pucuke tumelung. Kena diarani pring iku urip tanpa diupakara. Urip karepe dhewe. Ora perlu rabuk. Ora perlu disiram. Open-openane gampang. Mangsa ketiga lan rendheng tetep urip ngrembuyung. Kapan wae bisa ditegor. Pigunane pring ori kanggo cagak, reng, blandar, usuk, pantek lan gedhek. Omah kang prasaja bisa dicukupi pring. Gubug ing tengah sawah umume digawe saka pring. Piranti liya sing digawe saka pring contone kepang, rinjing, tompo, senik, tumbu, kukusan, dobong lan lincak. Ing karang padesan akeh piranti kang digawe saka pring ori. Maneka warna piranti mau dadi bukti menawa bangsane dhewe iki duwe jatidhiri. Bangsa sing duwe pakaryan. Olah ciptane mbabar wohing panggawe kang migunani tumraping jagad. Rasa bombong sawijining bebrayan amarga ana wewujudan kang nyata. Ora baen-baen, bisane makarya kerana gladhen. Gladhen kang tlaten banjur mahanani panen. Ing kene banjur panen rejeki, panen pangalembana lan panen kondhang. Kabisan lan katrampilan wau diwarisake kanthi turun tumurun. Suwene suwe tambah becik lan endah. Wewangunane pakaryan karengga kaendahan. Akeh bangsa manca kang kapranan. Akeh sing pesen. Akeh sing tuku. Ing kono mau dadi jalaran bangsane misuwur. Arum arane bangsa mesthi wae ndadekake ati mongkok lan bombong. Angin sumilir nemahi pucuk pring, obah ngiwa obah nengen prasasat njoged nuting wirama. Wit tengah gesek lan kancane, swarane ngak-ngik. Kapyarsa saking mandrawa pan yayah swarane suling. Ngumandhang ing awang-awang, ngimbuhi endahing karang padesan. Iku mau kabeh tandha murahing Gusti Kang Maha Kuwasa. Kewajibane sing nampa kanugrahan kudu gelem anglekuri murih lestari. Aguh pratikel kang becik tansah diantu-antu. Piye bisane pring ori mau tumangkar lan ngrembaka. Aja ngati warisan edi peni lan luhur mau sirna tanpa sisa. Bisane lestari yen kabeh gelem medhar gagasan. Pungkasane tuwuh pakaryan kang mimbuhi mekaung kabudayan, tumengkaring kagunan. Sing ngrancang tata paparing karang padesan mau sanyata janma linuwih. Anggone ngrumpaka mawa gagasan kang jero. Rina wengi tansah sumadya ngeningke pikir, ngudhar panemu. Ora baen-baen, para minulya mau temen-temen supaya tinemu, wakasan katekan. Mula wohing gagasan mau banjur mbabar pakaryan kang kebak ing kaendahan.

Pandhawaiku putrane prabu sapa? - 3818368 gabby28 gabby28 08.10.2015 Bahasa lain Sekolah Dasar terjawab • terverifikasi oleh ahli Pandhawa iku putrane prabu sapa? 2 Lihat jawaban Iklan Iklan Ufam Ufam Prabu Pandhudewanata. thx nice work nya ~Arigato~ thx arigatu tai Iklan Iklan
Kanggone para sutresna wayang kulit utawa wayang purwa kang fanatik, yen ngrembug bab crita wayang wis mesthi ora ana enteke. Senadyan karya sastra kuna, nanging kanyatan nganti pirang-pirang abad isih dadi kabudayan kang adi luhung. Malah wayang purwa siji-sijine jinis wayang saka maneka warna jinis wayang kang isih langgeng tekane saiki. Babone wayang purwa kang njupuk crita saka Epos Ramayana lan Mahabharata, sing asline saka tanah Hindhustan ya Indhia. Ramayana kang den tulis dening Empu Walmiki utawa Ratnakara, lan Mahabharata dening Resi Byasa utawa Wyasa. Ngonceki crita Mahabharata kang versi asli Indhia lan pe­dhalangan pancen ora gampang. Ing kene penulis kepengin ngan­dharake uneg-uneg kang mbok menawa cengkah klawan para sutresna liyane. Nanging kabeh mau jer murih becike, lan kabu­dayan warisan nenek moyang kita kabeh ora luntur kesilep ing jaman. Wayang di openi kanthi becik lan dadi ”kebanggaan” tum­rap wong Jawa. Wayang malah dadi ajang study lan peneli­tiyan kang migunani tumrap sutresnane ing saindenging bumi. Para pinisepuh ya nenek moyang kita yen nampa kabudayan saka manca praja perlu disaring lan filtere lembut banget. Ya krana sing ora jumbuh klawan kapribadene wong Jawa mesthi di ilangi. Nanging pranyata kabeh mau ora tinemu bener saka­behane. Bab sing tabu utawa saru kang ora becik kanggone anak putu mbesuk, wis mesthi di owahi. Nanging ana saperangan sing keselip, crita kang bener malah di tutup kanthi rapet lan nganti saiki akeh sing ora pana bab silsilah utawa asal-usul, dhi­nasti, lan keturunan. Pagelaran wayang saiki mung kakeyan guyon lan campursari sing ngentek-entekake wektu. Ing ngisor iki penulis kepengin ngandharake antarane versi Indhia lan Pe­dhalangan. Dhinasti Wangsa Bharata minangka sesebutane ratu-ratu Hastinapura sak bubare Prabu Bharata utawa Sarwadamana atmajane Prabu Dhusanta lan Dewi Sakuntala. Ratu-ratu sak durunge Prabu Bharata kanthi gelar Kuru utawa Puru kang kawiwitan saka Prabu Nahusa. Nanging gelar Kuru pranyata uga sinandhang dening sang Adhipati Kuru Drestarastra yaiku bapake Kurawa. Banjur pembayune Kurawa oleh gelar Kurupati yaiku nom-nomane Prabu Duryudana. Kamangka antarane Pandhawa lan Kurawa padha-padha saka dhinasti Kuru. Ratu-ratu Hastinapura sing turun-tu­mu­run nganti telung puluh papat mau sejatine mung kandheg ing Bhisma ya Dewabrata. Malah Dewabrata wis klakon den sengkakake dadi Yuwaraja utawa putra mahkota. Kang ing tembe gumanti keprabone keng rama Sentanu. Ya krana sang Prabu Sentanu adreng kepengin palakrama klawan Dewi Satyawati saka praja Wiratha, mula panjaluke Dewi Setyawati bakal den udaneni. Dewi Setyawati nyuwun yen mbesuk darbe putra, ya putrane iku kang gumanti narendra. Prabu Sentanu rumangsa kabotan, nanging Bhisma jejer putra kang bekti mring rama lan bumi Ngastina, mula saguh nglamarke bapake. Sarta ngilangi kepen­tingan pribadine nyeleheke yuwaraja kanggo putrane ibune kwa­lon. Sak banjure sang Prabu Sentanu lan Dewi Setywati pina­ringan putra loro yaiku Citragada lan Wicitrawirya. Nalika sang Citra­gada juneneng nata, den gebag perang dening ratu gan­darwa kang aran Citragada uga. Awit ing ndonya kudu ana sawiji raja kang aran Citragada. Mula nalika tandhing yuda, Citragada raja Ngastina gugur ing palagan. Banjur Wicitrawirya di sengkakake dadi raja Ngastina nggen­teni Citragada. Prabu Wicitrawirya darbe lara mengguk lan lara-laranen. Nalika arep munggah dhampar keprabon Wicitrawirya dhawah banjur seda. Ratu Setywati rumangsa ngenes penggalihe krana putra-putrane kang di gadhang wis nemahi pralaya. Saka usule Bhisma putra kwalone, supaya ibu Setywati golek brahmana suci kanggo upacara Dewi Ambika lan Ambalika dimen darbe turun. Yen sing paring pangestu brahmana suci, bocah kasebut tetep sah minangka keturunane raja kang wis seda mau. Dewi Satyawati kelingan klawan atmajane kang mbarep yaiku Byasa olehe patutan klawan Resi Parasara. Nalika Setyawati ngusulake Byasa kang nyranani upacarane Dewi Ambika lan Ambalika mula Bhisma sarujuk. Banjur dewi Ambika peputra Drestarastra lan Am­balika darbe putra Pandhu. Malah karo dhayang uga darbe putra yaiku Widura kang lantipe ngungkuli kakang-kakange. Ing versi Mahabharata mau Drestarastra lan Pandhu nyebutake yen bapake Wicitrawirya. Ateges ora nyebutake bapak biologis-e kang sejati. Antarane Drestarastra, Pandhu, lan Widura uga manger­teni yen bapake kang sejati iku Resi Byasa. Versi pedhalangan nyebutake yen Byasa ya Begawan Abyasa ora mung nggarwa Dewi Ambika lan Ambalika nanging malah dadi ratu ing Ngastina. Senadyan critane mung sedhela banjur lumintir Prabu Pandhudewanata. Yen ngrembug dhinasti kudune sing oleh sesebutan Kuru ora mung Kurawa nanging uga Pandha­wa. Yen ing pedhalangan nyebutake Bharata Pandhawa. Krana panganggepe Kurawa = Kuru Hawa lan Pandhawa = Pandhu Hawa. Sesebutan mau nuduhake idhentitase bapake wae dudu dhinasti kang turun tumurun kayadene Kuru, Puru, lan Bharata. Perang Bharatayuda yen versi Mahabharata sing dadi rebutan negara Indraprastha kang dadi darbeke Pandhawa. Krana para Pandhawa wis rampung ngayahi wanaprastha lawase 12 warsa ketambah sewarsa umpetan ing negara liya. Ora oleh kadena­ngan, yen nganti kadenangan mbaleni maneh 13 taun. Kasu­nyatane Pandhawa lulus, Kurawa ora bisa ngonangi. Banjur para Kurawa nyidrani janjine. Temahan dhuta saka para Pandhawa yaiku Sri Bathara Kresna gagal ngayahi karya. Banjur perang gedhe dumadi lawase 18 dina. Yen versine pedhalangan sing dadi underane perkara praja Ngas­tina sesigar semangka. Ka­mangka sak bubare Pandhawa dipaeka Kurawa ing Bale Sigala-gala, Bratasena sowan ana ngar­sane Wa Adipati Dhesta­ras­tra nyuwun pengestu arep ba­bad wana Marta. Praja Ngastina dimen kanggo mukti keng uwa lan kadang Kurawa. Pandhawa arep gawe negara saka asil kringete dhewe. Lha yen underane Bharatayuda kuwi praja Ngastina, apa ora ateges Bhima kuwi ngidu di dilat maneh. Mangka Bhima kuwi satriya kang teguh ing pandhirian, ngugemi jiwa satriya. Njunjung ajining dhiri, sedulur tuwa, bapak-ibu lan para leluhur-leluhure. Rampung ngayahi wanaprastha Puntadewa isih jumeneng narendra ing Ngamarta ya Batanakawarsa nganti ngarepake Bharatayuda. Tumapak Bha­ratayuda gawe pakuwon kang sinebut Hupalawiya. Banjur sak bubare Bharatayuda Puntadewa dadi ratu ing Ngestina mung sedhela. Merga Parikesit kajumenengake nata. Yen versi asline Mahabharata bubar Bharatayuda Yudhistira isih dadi raja ing Hastinapura lawase 36 taun. Dadi wektu 36 taun kang kepetung suwe mau, kudune yen ana crita carangan ing pedhalangan rak luwih akeh timbangane Pandhawa nalika urip ana pambuwangan sing suwene mung 12 taun ketambah setaun umpetan ing negara liya. Asal-usul Asal-usule utawa silsilahe para Pandhawa lan Kurawa yen miturut Mahabharata saka Candrawangsa utawa dhinasti Dewa Candra. Banjur dhinasti Candra mau nurunake raja-raja ing Hastinapura ya ing Kurujanggala. Lambang kebesarane kerajaan wujud patung gajah utawa hesti. Ratu-ratu ing Indhia Kuna wilayahe sinebut Bharatawarsa utawa bangsa Arya. Negara-negara kang madeg ing sakiwa tengene praja Hastinapura kaya­ta, Panchala, Wiratha Matsya, Widharba, Nisadha, Magada, Cedhi, Gandara, Timpuru, Trigarta, Madras, Boja, Matura, Dwa­raka, Indraprastha, lan isih akeh negara liyane. Banjur ing sa­brange segara sisih kidul ana Langka. Mula kanggo mikukuhi praja Hastinapura tansah ngajak sesrawungan lan mangun kerjasama. Banjur nalika praja disuhi dening raja Pandhu tansah ana peperangan-peperangan. Kang tujuwane negara-negara cilik gelem nungkul dadi negara telukan ana ngisore peprentahan praja Hastinapura. Yen ing versi pedhalangan, negara-negara gedhe kang kondhang mung sethithik kayata, Ngamarta, Ngas­tina, Dwarawati, Mandura, Pancala, Wiratha, Ngalengka, Maes­pati, Kiskendha, lan Pancawati. Liyane negara cilik-cilik kocape yen pinuju ana crita Bharatayuda. Jenenge negara-negara ing pedhalangan sing ora nate kasebut racak crita carangan. Negara sabrang kocape yen ana crita alap-alapan utawa sayembara. Wong tuwane Pandhawa Kurawa iku keturunane para brah­mana. Kang kawiwitan saka Resi Manumayasa, Begawan Seku­trem, Begawan Sakri, Begawan Palasara, Begawan Abyasa, ban­jur nurunake Dhestarastra lan Pandhu. Dene Resi Manumayasa mbah Udheg-udheg-e Pandhawa lan Kurawa iku atmajane Prabu Parikenan, Parikenan putrane Hyang Bremani, lan Bremani pu­trane Bathara Brama. Kamangka yen miturut wong Hindhustan kasta kang dhuwur dhewe iku brahmana timbangane liya-liyane. Banjur lagi kasta ksatriya kang kalebu para raja-raja lan narpati ing saje­rone. Dadi kudune Pan­dha­wa lan Kurawa luwih bombong dadi turune para begawan timbang­ane turune raja. Ya mer­ga padha kepengin dadi panguwasa mau mula ora mikir marang akehing kurban. Sing kasunyatane nuwuhake pepati gedhen-gedhen tanpa wilangan kalebu garwa lan putra. 18 dina dadi perang kang nggegirisi. Mula yen sing dadi rebutan praja Ngastina ateges Pandhawa lan Kurawa kuwi amung nglung­guhi klasa gumelar. Praja yasane para priyagung tedhake bangsa Kuru. Sing sejatine Pandhawa Kurawa, bapak-bapake, lan sim­bahe ora wenang dadi raja. Negara Ngastina rubuh krana turune wong liya braya. Nalika pusaraning praja di kendhaleni Prabu Sentanu, Prabu Pratipa, lan para raja-raja tus bangsa Kuru ora ana memungsuhan. Dadi yen versi Mahabharata tansah njunjung silsilah kuwi pancen ana becike. Krana bombong lan mongkoge putra wayah darbe sarasilah kang berbudi bawa leksana. Keturunan Yen ngrembug bab keturunan wis mesthi kaitane klawan hubungan intim utawa sek lan anak. Bab mau ora sakabehane bener. Ing versi pedhalangan Dewi Kunthi darbe putra Suryatmaja utawa Karna kanthi cara mbobot. Nanging linairake liwat kuping. Kasabab Kunthi mujudake wanita kang isih prawan suci durung palakrama. Ya kedayan Aji Adhityahredaya utawa Kuntakawekas Ciptatunggal Tanpa Lawan, peparingane gurune sang Resi Dru­wasa. Mula kanthi aji-aji mau Kunthi nyuwun apa wae marang jawata, bakal den pinangkani. Malah jawata kang den puja bakal rawuh dhewe. Nalika Pandhu mbebedhag ing wana ana kidang pepasihan. Kidang di panah babar dadi Resi Kimindama lan bo­jone. Sak durunge mukswa Resi Kimindama nyepatani Pandhu lan garwane yen saresmi bakal nemahi pati. Pandhu wis mesthi susah penggalihe. Banjur Kunthi atur pamrayoga bab anggone arsa mateg Aji Adhityahredaya dimen kagungan putra. Pandhu nayogyani, malah Kunthi uga menehi mantrane marang Dewi Madrim. Dadi laire Karna, Puntade­wa, Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa mau Dewi Kunthi lan Dewi Madrim uga mbobot kaya satataning wanita lumrah. Yen versi Mahabharata, Kunthi kang mateg aji Adhityahredaya peparinge sang guru Rsi Durwasa kang sepisanan nalika durung palakrama, ngrawuhake Bathara Surya. Banjur di sorot nganggo astane dewa Surya, Kunthi wis mbopong bayi yaiku Karna. Kunthi ora mbobot, ateges isih prawan suci. Semono uga nalika Kunthi wis palakrama klawan Pandhu, Pandhu kang den jarwani bab ngelmu Adityahre­daya banget bungahe. Kunthi anggone ngrawuhake jawata tansah caket klawan Pandhu. Kunthi banjur ngrawuhake Hyang Yama. Saka astane Bathara Yama paring pangestu, ora suwe Kunthi wis nampa bayi kakung. Dening Pandhu bayi mau di paringi jeneng Yudhistira. Sak banjure Dewa Bayu mberkahi putra diparingi asma Bhima. Dewa Indra mberkahi putra di paringi asma Arjuna. Banjur Dewi Madrim uga nyuwun diwisik aji mau. Tumuli ngrawuh­ake Dewa Aswan-Aswin. Banjur pinaringan putra Nakula lan Sahadewa. Dadi yen Dewi Kunthi dianggep wanita kang mburu se­nenge dhewe kaya-kaya ora trep. Utawa wanita pelanyahan, lelemeran lan liya-liyane. Awit Kunthi iku wanita kang tetep suci lair lan batine. Atmajane narendra gung binethara, kang tansah ngudi marang ngelmu ing pawiyatan luhur. Tansah setya marang kakung nganti ora palakrama maneh sawise Pandhu seda. Emane akeh wong Jawa yen mangerteni crita laire Pan­dhawa banjur tuwuh gagasan yen Kunthi iku wanita sedheng. Lha yen Kunthi dudu wanita kang setya tuhu marang kakung, wis mesthi sak bubare Pandhu seda, milih wae para dewa sing paling disenengi. Sing wis paring kanugrahan putra. Ngono rak beres. Nanging kasunyatane ora, Kunthi wanita kang tansah setya, momong para putra-putra ing swasana bungah klawan susah. Yen dipikir pancen ora ketemu nalar lan akal. Wanita darbe anak tanpa lantaran ana bapak kang nitisake rasa jatine. Nanging perlu di emuti yen caritane para Pandhawa Kurawa iku dumadi adoh sadu­runge taun masehi. Awit jaman-jaman sa­du­runge masehi sakabehing ngelmu kebatinan lan goib kaya winongwong dening Gusti Kang Maha Agung. Sakabe­hing ucap prasasat idu geni utawa mandi. Mbuh iku ngelmu kang putih utawa resik utawa ilmu sihir kang mbebayani. Riwa­yate para Nabi-nabi Allah sadurunge masehi kabeh darbe Mukjijat kang angel tinemu nalar. Kaya Nabi Nuh, Ibrahim, Ismail, Musa, lan Nabi Isa. Malah Nabi Isa uga tanpa darbe rama, awit kanugrahane Allah SWT. Dadi ora amung ana bumi Hindhustan wae, nanging bumi Arab, Mesir, Palestin, lan liya-liyane uga ndarbeni petuah utawa daya. Banjur yen riwayate Nabi Muhammad wis kaya peradhaban jaman saiki, yen perang tatu ya tatu, ora ana aji-aji utawa kasekten. Krana jamane wis jaman masehi mbok menawa wis kebak sakabehing kadurjanan. Banjur ana crita laire Wahmuka lan Arimuka saka ari-arine Dewi Amba, Ambika, lan Ambalika putri satanah Kasi praja Gyantipura. Ana crita maneh yen Jayadrata utawa Tirtanata raja ing tanah Sindu praja Bwanakeling iku kedadeyan saka kasut bungkuse Werkudara. Dadi yen saka pamawase penulis, lairane Pandhawa mau kaya-kaya luwih trep versine Mahabharata sing ora disang­git maneka warna. Ora beda klawan laire Dewi Drupadi, yen ing Mahabharata nyebut Dropadi utawa Panchali. Dropadi lair bebarengan klawan adhine kang aran Drestajumna saka upacara Yadnya. Kang den adani Raja Dropada ing Pancala. Saka geni upacara yadnya mau, Raja Dropada kasil darbe putra kang mbesuke den gadhang bisa males wirange keng rama marang Rsi Drona. Mung emane yen versi Mahabharata Dropadi iku bojone Pandha­wa lima. Bab mau kasabab Dewi Dropadi katitisan Dewi Damayanti garwane Prabu Nala kang remen kasukan dhadhu. Dadi mbesuk ing jaman Pandhawa Kurawa sang Dewi kudu tinimbal lair maneh. Garwane ora mung siji nanging lima. Yen versi pedhalangan garwane Dewi Drupadi mung Prabu Puntadewa wae. Lha yen kanggo bab siji iki, kaya-kaya penulis sarujuk yen versi pedhalangan. Dadi luwih selaras klawan budayane wong Jawa. Wong tuwane Kurawa yen versi pedha­langan kang darbe watak srei drengki yaiku Dewi Gendari. Merga tresnane sejatine kepanduk marang Pandhu nanging Gendari dipilih dening Drestarastra. Mula Gendari banjur upata mbesuk tedhak turune Gen­dari lan Pandhu dadi mungsuh bebuyutan. Saya maneh Gendari diombyongi klawan adhine kang aran Sengkuni sang julig pandhedher winih memungsuhan. Yen versi Mahabharata Gendari mujudake wanita kang alus budi pakartine. Wicarane ora nate nglarani marang sedulur utawa liyan. Malah Gendari ing Mahabharata wanita kang lila legawa ginarwa marang priya wuta. Sing darbe watak ala ora liya ya mung Drestarastra dhewe kang gagal nglungguhi dhampar praja Ngastina. Awit miturut pranatan wong wuta ora bisa nyekel pusaraning praja. Nganti Dresta­ras­tra kepancing marang wicarane Seng­kuni kang golek untunge dhewe. Temahan Bharatayuda ora bisa diselaki maneh. Mula, ora ateges penulis iki cuman­thaka wani ngonceki bab wanita ing pe­wayangan utamane Dewi Kunthi Talibrata ibune Pandhawa. Nadyan Mahabharata lan pedhalanagan akeh cengkahe dakira ora perlu digawe sabab. Kabeh mau ana keluwihane uga ana kekurangane. Kang becik kanggo tepa patuladhan lan kang ala den buwang adoh. Ora ateges penulis golek benere dhewe. Nanging kaya luwih pas bebarengan mbenerake barang kang kleru. Awit kabudayan kang adi luhung iku tundhane bisa aweh wawasan marang para putra wayah ing mbesuk. Aja nganti bab-bab kang ala ing jagading pewa­yangan iku tansah dadi pocapan kang negatip lan geguyonan. Apamaneh nyonto marang tindak ora bener. Yen wanita ing pewayangan iku finalis wanita kang setya tuhu marang kakung, mbok menawa mung ana papat, yaiku Dewi Kunthi, Dewi Setyawati garwane Prabu Salya, Dewi Siti Sendari, lan Dewi Amba kang katulak dening Bhisma Dewabrata. Satemah den belani nganti sukmane methuk sak bubare Duryudana gugur. Mula yen dipikir wis ngliwati pirang puluh taun wae sukmane Dewi Amba ngumbara ing alam antara. Muga-muga sethithik gagasan iki bisa nambahi wawasan lan tambah ngelmu pewayangan tumrap dhiri pribadine pe­nulis lan para sutresna udyana iki.
.
  • kc9w4cil8p.pages.dev/474
  • kc9w4cil8p.pages.dev/332
  • kc9w4cil8p.pages.dev/293
  • kc9w4cil8p.pages.dev/377
  • kc9w4cil8p.pages.dev/610
  • kc9w4cil8p.pages.dev/432
  • kc9w4cil8p.pages.dev/41
  • kc9w4cil8p.pages.dev/259
  • kc9w4cil8p.pages.dev/374
  • kc9w4cil8p.pages.dev/182
  • kc9w4cil8p.pages.dev/714
  • kc9w4cil8p.pages.dev/936
  • kc9w4cil8p.pages.dev/917
  • kc9w4cil8p.pages.dev/287
  • kc9w4cil8p.pages.dev/842
  • para pandhawa iku tedhak turune